KIDUNG HINDU 1
KETAWANG PANJANG ILANG ( Kidung Pamujan ) 1. Sun miwiti sembahyangan Manembah padha Hyang Agung Ngudi mring luhuring Atma Luputa ing cakrabhawa Pikir wening (2x) Ing pandulu Nutupi hawa sasanga Pesuten hawa lan napsu 2. Gitaningtyas srumangraras Manembah padha Hyang Agung Pamberat sagung panandhang Pindha pepajaring surya Sruning Bratha (2x) Kasut kayun Mugi sihing Padukendra Paran margining katemu 3. Pan wus prapta padukendra Angayap Jawata Agung Sayuk Hapsara Hapsari Mring sagunging Pitri Pitra