KIDUNG HINDU 1
KETAWANG
PANJANG ILANG
( Kidung
Pamujan )
1.
Sun miwiti sembahyangan
Manembah padha Hyang
Agung
Ngudi mring luhuring
Atma
Luputa ing
cakrabhawa
Pikir wening
(2x)
Ing
pandulu
Nutupi hawa
sasanga
Pesuten hawa lan napsu
2.
Gitaningtyas
srumangraras
Manembah padha Hyang Agung
Pamberat sagung panandhang
Pindha pepajaring
surya
Sruning Bratha
(2x)
Kasut
kayun
Mugi sihing
Padukendra
Paran margining katemu
3.
Pan wus prapta
padukendra
Angayap Jawata Agung
Sayuk Hapsara
Hapsari
Mring sagunging Pitri
Pitra
Angayap mring (2x)
Kang Mahagung
Hulun sampun ngaras padha
Anyandhang cahya
rahayu
4.
Puspa dupa lawan tirta
Kumelun angambar arum
Katur Paduka Narendra
Kang lenggah ing Padmasana
Miring mala-miring mala
Angrumuyut
Hulun sami ngaras padha
Aparing cahya rahayu
5.
Paduka Kang Siniwaka
Reratuning Sarwa Agung
Kang anyipta jagad raya
Ngayomi sagung sujalma
Pangleburing (2x)
Sarwa sagung
Hulun sampun ngaras padha
Paringa tentrem ing kalbu
6.
Mring Paduka Srinarendra
Sagung Jawata sumuyut
Paduka purba wasesa
Sakalir sagung dumados
Angganjarkang (2x)
Wajib ngundhuh
Dhuh Sang Adiling Bhawana
Paringa cahya rahayu
LELAGON OJO LAMIS
Ayo pro kadang
asung panuwus
Mring Hyang
Maha Widhi
Tansah peparing
rahayu sami
Pro kadang
sedaya
Kanti weninging
pikir kang suci
Sarta tingkah
laku
Pangucap suci
ulat suminar
Tansah gawe
suka
Hyang Maha
Kwasa ananehamung
Paring
Pangaksami
Ayo memuji
supaya tansah
Tentrem lan
basuki
Akeh sing pada
nindhakna Dharma
Uripe rahayu
Dadi tuladha
mring kita sami
Jroning do
makarti
ASMARADHANA
Sun miwiti
amemuji
Anyebut
asmaning Atma
Wit iku yekti
jatine
Ingkang wajib
den pepuja
Lir luhuring
asmanira
Sunare kang
Maha Agung
Reratuning
jagad raya
Paduka Hyang
Maha Widhi
Guru seksine
bhuwana
Maha weruh
tansah angon
Mangkya Hulun
Ngaraspadha
Bekti sumungkem
Paduka
Duh sepinten
sisip hulun
Mugi paringa
aksama
Samangkya hamba
udhani
Mring Tattwa
Jatining Atma
Tan Beda Lan
Sang Hyang Manon
Jro gesang
sumampir raga
Anyandhang
sarwa samsara
Mung Paduka
Kang Maha Gung
Pangruwating
papa nistha
Tatwa Jatine Sang
Urip
Yekti sorote
Kang Kwasa
Ing raga muhung
samanggon
Raga maujud ing
ndonya
Kanyatane
punarbhawa
Wekasan rusak
lan lampus
Parane bali
sangkanya
KETAWANG IBU PERTIWI ( kidung pamujan )
1.
Ibu Pertiwi
Paring boga lan sandhang kang murokabi
Peparing rejeki manungsa kang bekti
Bu pertiwi bu pertiwi
Sih sutresna mring sesami
Bu pertiwi kang adil luhuring budhi
Ayo sungkem mring ibu pertiwi
2.
Duh Sang Hyang Widhi
Para putra ngaturaken sembah bekti
Puspa denta sinucekna sembah mami
Om Ang Brahma dipa astra
Tansah ulun sembah- sembah
Mugi paring kasucian marambahi
Tangan kalih miwah waktra suci
3.
Hyang Maha Suci
Duh Hyang Atma suksmaning sedaya gesang
Sembah sujud hulun mugi sinucekna
Puspa denta trus sinembah
Tansah paring kasucian
Sembah hamba kunjuk ing Hyang Tuking
Padang
Paramjiyote tumeja rekta
4.
Hyang Maha Suci
Hyang Baskara lenggah madyeng Padmasana
Ingkang Padang Gumilang Maha Sampurna
Peteng ribet kinasihan
Lebur sirna tanpa sisa
Maha mirah paring sandang bukti mukti
Satuhu Hyang sesembahan hamba
5.
Hyang Maha Suci
Puspa denta sinucekna sembah mami
Sembah Bekti kunjuk dateng Maha Suci
Siwa Eka anglimputi
Lenggah Padmasana suci
Satuhu Hyang datan kakung datan putri
sesembahan para sujanmi
6.
Hyang Maha Suci
Om Tri Murti Brahma Wisnu ugi Siwa
Ingkang murbawasesani Tri Bhuwana
Sarwa gesang tineguhna
Sesakit sirna sedaya
Peteng ribet susah goda ilang boro
Ugi reridune desa praja
7.
Hyang Maha Suci
Puspa denta sinucekna sembah hamba
Manembah Hyang Maha Asih Maha Mirah
Dewa Paring Kanugrahan
Suka begja karaharjan
Maha mirah tansah pinuji- pinuja
Hamba nembah Hyang Anugrahaken
8.
Hyang Maha Suci
Dewa Dewi Pangeran Maha Sampurna
Sagung wonten jalaran yadnya
Paduka
Bagya mulya panjang yuswa
Nir sambikala trus suka
Muhung saking Hyang Nugraha Asih Mirah
Hyang Murbengrat sinembah pro titah
9.
Hyang Maha Suci
Om dipastra sinucekna tangan hamba
Tangan ingkang kiwa tengen sinucekna
Sarta ugi ponang waktra, sinucekno Da
Bhatara
Sembah bekti mugi Dewa Suksma
Hyang Datan Kenging Ginantha –Gantha
KINANTI JURU DEMUNG
Risang maha yekti
sawusing semedi
Munggwing
pancrabaan dangu aningali
Wijiling
sasangka saking graning hardi
Karenan tyasira
alon angandiko
1.
( Om Swastyastu
)
Dhuh Gusti Kang Maha Agung
Pangeraning jagad
katri
Acahya suci
gumilang
Dhahat ulun puji-
puji
Anglunturna sih nugraha
2X
Sumunaring cahya
wening
2.
( Brahma Wisnu Siwa
)
Tumandhuking manah hulun
Manther amadhangi budi
Dadosa jalaran nira
Rahayu mulya sayekti
Gesang wonten mayapada 2X
Dumugi delahan singgih
3.
( Dharma Artha Kama )
Hyang Tunggal ugi sinebut
Narayana dedasaring
Kang tumitah sabuwana
Ingkang sampun ingkang wingking
Tanpa purwa tan wasana 2X
Datan wujud datan lahir
4.
( Brama Wisnu Siwa )
Peteteng datan wanaput
Netra tan wenang umeksi
Tuhu Dewa Suci Eka
Narayana datan kalih
Datan wonten nimbangana 2X
Ingkang wening saged tunggil
5.
( Om Swastyastu )
Paduka ugi senebut
Hyang Siwa Mahadewadi
Iswara Parameswara
Brahma Wisnu Rudra nenggih
Purusa parikirtitah
2x
Asma yutan eka yekti
6.
( Om Swastyastu
)
Kawula rumaos
estu
Tiyang dosa langkung nistip
Karma dosa sarwa dosa
Dosa wiwit duk dumadi
Maha suci asih mirah 2x
Nucekna jiwangga sami
7.
( Om Swasti astu )
Maha Dewa hamba nyuwun
Sih nugraha sih pangaksami
Sagung gesang kabegjakna
Luwar saking dosa sisip
Mugi Sang Hyang Sadasiwa 2x
Karsa tansah angayomi
8.
( Om Swastyastu )
Dosa saking tindhak- tandhuk
Pangucap mwang muna – muni
Dosa salebeting manah
Sembrana mwang weya lali
Gusti ngleburna aksama 2x
Golong turut shanti shanti
M I J I L
1.
Wus wancine ayo padha bekti
Bareng myang ing
Pura
Ing gegana trang abyor
lintange
Titi sunya puspita
kasilir
Maruta ris
kingis
Sumrik
gandanyarum
2.
Dhuh Pukulun Ida Sang Hyang Widhi
Paduka kang
yektos
Paring nugraha lan
kamulyane
Manusa nira tan kendhat
muji
Mugi den
ayomi
Ngantos
benjangipun
3.
Wijil panembahing Pura suci
Den angagem waton
Kudu resik ing lahir
batine
Yen cuntaka datan kena
manjing
Pan Pura jinagi
Ing
kasucenipun
4.
Manjing mandhalaning Pura
katri
Saking nistha miyos
Kori candi bentar ing
wastane
Panca ndriya maksih
angwasani
Tinata
tumuli
Ngancik
madyanipun
5.
Aneng madya mandala wus wiwit
Nata lahir batos
Kaudi tumuju ing Gustine
Manjing utama mandhala
nuli
Pamikir nyawiji
Nembah Hyang Maha Gung
6.
Lenggah majeng Padmasana suci
Sampun amirantos
Jangkep dalah sagung ubarampe
Phala puspa patra tirtha suci
Dupa anyranani
Manunggaling Kayun
7.
Pamangkune wus ngadep sesaji
Ubarampe kanggo
Srana manggala upacarane
Saha mantra sabda gentha
suci
Kanthi ninging
batin
Nggenya nedya nungku
8.
Ganda arum mijil king wewangi
Ngebaki angkasa
Sinarengan kang swara mantrane
Miwah swara kidung-kidung suci
Mugya rawuh aglis
Paduka Pukulun
9.
Citrane kang Padmasana yeki
Dumadi tigang ros
Pethan penyu lambang ing bumine
Naga lambang pangan sandang nuli
Karang macan
esthi
Isining jagad bhur
10. Jagad bhuwah wujud karang peksi
Dening ing swah yektos
Linambangken ing Padmasanane
Mangka palinggihaning HyangWidhi
Sinembah cinandhi
Aneng Pura luhur
MASKUMAMBANG
1.
Ana uga pituduh saking Hyang Widhi
Sinerat ing
Weda
Aran Catur Guru
yekti
Mara enggal
kawruhana
2.
Manembah mring Gusti siang klawan ratri
Guru Swadiyaya
Kawitan kang den
pepuji
Kanti srana Tri
Sandiya
3.
Wit Paduka ingkang nyipto jagad katri
Murba pamisesa
Sagung isining
dumadi
Sinembah sadaya
titah
4.
Sinangguhing Guru Reka kaping duwi
Wong atuwo kita
Tan dyaya lantaran
lahir
Dumadi neng alam
ndonya
5.
Pramilane bapa biyung
Kinarya
jalaran
Anane
badanireki
Kinawruhan padhang
hawa
6.
Pangeran katon pro winasis mastani
Labuh labetira
Dumunung pakaryan
neki
Nuli padha wigatekna
7.
Yen tan manut tuture wong tuwa ugi
Pan nemu cilaka
Ing ndonya tumekeng akir
Tan wurung kasurang- surang
8.
Martani mring anak putu duking wuri
Den padha prayitna
Ywa ana kang kumawani
Mring biyung tanapi bapa
9.
Kaping telu Guru Pengajian yekti
Punika kang wenang
Mulang muruk ngelmu suci
Kinarya undhaking tama
10. Guru Wisesa kaping papat tumuli
Pamerentah ika
Mangreh mranata nagari
Ngayomi sagung kawula
KUTUT MANGGUNG
Sore- Sore pepujian sakancane
1.
Dhuh Gusti Kang Maha Gung Paduka
Hyang Iswara
Kuwasa
Angratoni
saisining jagad raya
Dhuh Gusti
Pamintamba
Mugi keparinga
agung
Pangaksama
mring kita sedoyo
Jro nuhoni
Dharma anthuka
Marga mulya lan
tansah
Winengkuha
widada nir sambikala
2.
Dhuh Gusti Kang Maha Gung Paduka
Maha Brahma
Kuwasa
Amangun rat
sagung isining buwana
Dhuh Gusti
Pamintamba
Mugi tinukulna
sagung
Karsa mulyo ing
jroning Jiwatma
Jro nuhoni
Dharma maujud
Janma tama
sarana
Jro makarya
memayu hayuning bhawana
SEKAR MEGATRUH (Kagem kidung pamujan)
Om Swastyastu,
1.
Sembahing wwang Ida Hyang Widhi Sinuwun
Kang murbeng sarwa dumadi
Pinaka rip buwana gung
Ngawisesa jagad katri
Maka dening manusa ngong
2.
Antusaken tingkah mwang ulahing ulun
Mangarcana Sang Hyang Widhi
Muga tan kena tulah letuh
Pinuju dewasa becik
Hanuwur dhuh Sang Hyang Manon
3.
Icha Pwasang Hyang Cadhu Sakti Tumurun
Tan yadnya manusa reki
Metu saking manah sadhu
Marupawi dibebali
Phalam puspam toyam mwang ron
4.
Umiring wwang Hya Dyatmika sembah hulun
Rijeng panembahan sami
Asap dupa sarwa harum
Nirmala astiti
bakti
Pinuju sih karahayon
5.
Nuwur tirta amerta suci manulus
Icha duh Hyang Pasupati
Papa naraka
kalebur
Klawan sarwa dosa
sami
Panjang tuwuh duh ring
awon
6.
Tirta maring kamandalu muncrat mumbul
Sinirat pamangku sakti
Saha mantra sidhi tuhu
Sarira mwang kertanjali
Tuwuh waken Hyang Pangayom
7.
Om dhirgayu subham astu tatstu astu
Sukham purnam sriyam swasti
Awignam astu bhawantu
Tatstu astu sapta wredhi
Om Shanti shanti shanti Om
WIRANGRONG
(Kagem Kidung Dana Punia)
1.
Mumpung anom sira kaki
Angudiyo karahayon
Aneng Weda panggonan pinemu
Tumindhak
utami
Dharma nira
kinarya
Karta raharjaning
bwana
2.
Raharja lahir lan
batin
Kabeh mau mawa lakon
Dipun ngarah-rah ywa kalimput
Manembah Hyang Widhi
Yekti manggih raharja
Ngegungna dedananira
3.
Dana bandha kaping siji
Dana kawruh kaping loro
Kang katrinya jiwa lan ragamu
Jer iku sayekti
Laku Dharma utama
Ing donya prapteng delahan
AYAK PAMUNGKAS
1.
Dhuh Gusti mugi-
mugi
Peparinga sih
nugraha
Dhuh Gusti
keparenga
Ida Sang Hyang Widhi
Wasa
Sinembah mring titah
sagung
Kita wajib
amemuji
Yekti tan ana kang
madha
Pangayomaning
sujanmi
Moksa artha
jagadhita
Daya pangwasaning
Gusti
2.
Dhuh Gusti mugi-mugi
Keparenga paring mulya
Dhuh Gusti linanggengna
Umat Hindu sabhuwana
Wusana wosing pangidung
Tan ana hamung memuji
Mugi sagung titah samya
Sapuh anem jaler estri
Sami karsa manunggal
Golong yurut santi-santi
SEKAR MEGATRUH (Kagem Pitra yadnya)
1.
Datan pegat nembah Gusti anyenyuwun
Rentahing nugraha adi
Tumrap risang suksma luhur
Ingkang nilar ndonya niki
Sowan marang ing Hyang Manon
2.
Dhuh- dhuh Gusti Maha Mirah Maha Agung
Mugi paring padang margi
Atma ingkang sampun wangsul
Laju nggenira lumaris
Legawa ing driyo yektos
3.
Tumrap warga ingkang sami taksih kantun
Mugi pinaringan eling
Darana ing manah teguh
Kapara anjurung puji
Njurungi Sang Suksma Jatos
4.
Dhuh Sang Atma pra santhana sami ngumpul
Amemuji mugi- mugi
Andika tan rangu- rangu
Teteg teguh tekad pasthi
Mboten wang- wang mboten
mangro
5.
Amemuji sunya nirwana satuhu
Moksantu swargantu mugi
Murchantu lawan samantu
Ksama sampurnaya ugi
Nggayuh shanti shanti ugi
Sekar PANGKUR
(Kagem Kidung Pitutur)
1. Mingkar mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih katarta pakartine ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
2. Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak- ganyak nglelingsemi
3. Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger ngguru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamuning samudana
Sasadoning adu manis
4. Si pengung nora nglegewa
Sang sayarda denira cacariwis
Ngandhar- andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok alongka- longkanganipun
Si wasis waskita ngalah
Ngalingi marang si pingging
5. Mangkana ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran balilu
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si pengung anggung gumunggung
Ungungan sadina – dina
Aja mangkana wong urip
6 Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadita guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene meksa kumaki
DHANDHANGGULA
(Kagem Apalan Pawukon)
1. Wasitane sinawung
artati
2.Wuku
Langkir Mandhasiya yekti
Wewilangan wuku
tigang dasa Julungpujut miwah wuku
Pahang
Tinata urut
lampahe
Kuruwelut nuli Mrakeh
Wuku Sinta
rumuhun
Tambir salajengipun
Landep wukir
nuli Kurantil
Medhangkungan Maktal tumuli
Tolu Gumbrek
Kalawan
Wuye manahilira
Warigalitipun
Lan Prangbakat iku
Warigagung
lajengira
Bala wuku nuli Wayang
Julungwangi Sungsang Galungan-
Lan Kulawu wuku Dhukut-
tumuli
den wastani
Wasta wuku
Kuningan
Watugunung pungkasan
Sekar DHANDHANGGULA (Kidung Manusa yadnya)
1. Ana kidung akadang premati
Among tuwuh ing kawastanira
Nganakaken saciptane
Kakang kawah puniku
Kang rumeksa ing awak mami
Anekakaken sedya
Pan kuwasanipun
Adi ari-ari ika
Kang mayungi ing laku kuwasaneki
Nganakaken pengarah
2.
Ponang getih ing rahina wengi
Angrowangi Kang Maha Kuwasa
Andhadekaken Karsane
Puser kwasanipun
Nguyu- uyu sembawa mami
Nuruti ing paneda
Kuwasanireki
Jangkep kadang ingsun papat
Kalimane pancer wus dadi sawiji
Nunggal sawujud ing wwang
3. Yeku kadhang ingsun kang umijil
Saking margaina sareng samya
Sadhino awor enggone
Sekawan kadhang ingsun
Kang ora umijil saking
Margaina punika
Kumpule lan ingsun
Dadya makdhum sarpin sira
Wewayangan ing dhat reka dadya kanthi
Saparan datan pisah
S I N O M
1. Nuladha laku
utama
4. Wikan wengkoning samudra
Tumrape wong tanah Jawa
Kaideras wus den ideri
Wong agung ing ngeksi ganda
Kinemot kamoting ndriyo
Panembahan
Senopati
Rinegem sagegem dadi
Kepati
amarsudi
Dumadya angratoni
Sudane hawa lan
napsu
Nenggih Kanjeng Ratu Kidul
Pinesu tapa brata
Dedel gayuh gegana
Tanapi ing
siang
ratri
Humara marak maripih
Amemangun
karyanak
Sor prabowo lan wong Agung Tyasing
sesami
Ngeksi ganda
2. Samangsane pasamuan
Mamangun marta martani
Sinambi ing
saben mangsa
Kala- kalaning
asepi
Lelana teki-
teki
Nggayuh
geyonganing kayun
kayungyun
heninging tyas
sanityasa pinrihatin
puguh panggah
cegah guling lawan dhahar
3. Saben mendra saking wisma
Lelana leladah
sepi
Ngisep sepuhing
supeno
Mrih pana
pranaweng gati
Tis-tising tyas
marsudi
Mardawaning
budya tulus
Mesu reh
kasudharman
Neng tepining
jalanidhi
Sruning brata
kataman wahyu jatmika
KIDUNG WARGASARI
P a m b u k a :
Purwakaning angriptarum
Ning wana wukir
Kahadang labuh kartiko
Panedenging sari
Angayom tangguli ketur
Angring-ngring jangga mure
1. Ida Ratu saking
luhur
3. Bhetaraning saking luhur
Kawula nunas tugrane
Ngegana diambarane
Mangda sampun titiang tandruh
Pengageme obro murup
Mangayap Bhatara
sami
Parekan sami mangiring
Titiang ngaturang
pejati
Widodara Widodari
Canang suci lan
daksina
Pada padudon dudonan
Sami sampun
puput
Prabawa kumutug
Pratekaning saji
2x
Angliwering Langit 2x
2. Asep menyan
majegau
Cendanane nuhur
Dewane
Mangda Ida
gelis
rawuh
Mijil saking
luhring
langit
Sampun mandab
daban
sami
Maring giri
meru
reko
Ancangan
sadulur
Sami pada
ngiring 2x
SEKAR GAMBUH
1. Den gambuh ing pitutur
Marang kanca
rukun sih satuhu
Aja sira
ngendelke lamun kinasih
Engeta ing
kalanipun
Duk prapta
saking dhukuh
2. Lan sembah sungkemipun
Mring Hyang Suksma elinga
sliraku
Apan titah sadaya among
sadremi
Tan wenang sira andhaku
Kabeh kgungan Hyang Manon
3.
Murwane sira sagung
Aneng ndonya ywa kongsi kaugung
Dipun becik mring sesami dumadi
Supaya nora kaduwung
Mrih rahayune lelakon
4. Urip praptane lampus
Sayekti tan kuciwa winuwus
Lahir batin sayekti tan
medal sumbi
Iku sujanma pinunjul
Tan kewran tumekaning ndon
5. Bayata wus ginambuh
Para umat denira tumuwuh
De samangkya pan wus ana den arani
Sirna petenging praja gung
Saking Parmane Hyang Manon
6. Amung kari nyeyuwun
Widadanya
ngungkuli kang sampun
Ayem tentrem
acanthi suka basuki
Makaten pamintanipun
Pra sujanma
jroning batos
LUMBUNG DESA
1. Panca Sradha iku kapercayaan lima, prakanca
Kawruhana minangka dasar satuhu, yaiku
Sapisan
pracaya anane Hyang Widhi, Kang Suci
Angka
laro pracaya anane Atma
2. Karma phala Sradha ingkang angka tiga, prakanca
Papat
kang sinebut punarbhawa iku, satuhu
Dene
moksa Sradha ingkang angka lima, wusana
Jangkep
kapercayan kita Panca Sradha
3. Dene terange kang Panca Sradha iki, sawiji
Panembah
kita tumuju Mring Hyang Widhi, amargi
Panjenengane kang kudu kita pundhi, sayekti
Sangkang
lan paranira sagung dumadi
4. Anane Atma pinangka badan suksma, ngertia
Iku
nyata pletiking Hyang Widhi Wasa, dinadya
Manunggal lan badan wadag kita samya, pramila
Gesang
kita dadya titahing Hyang Suksma
5. Sateruse karma phala ping telune, werdine
Kita
badhe ngundhuh wohing panggawe, kabehe
Wus
mestine nadyan ala lan becike, baline
Ing
tembene kang ngrasake kita dhewe
6. Punarbhawa tegese tumitising Atma, ing ndonya
Iku marga lakune
durung sampurna, nalika
Uripira katrem ing
angkara murka, tan nyipta
Aneng ndonya dadya
sangu benjangira
7. Lamun Atma laju manunggal Hyang Suksma, ingkana
Iku nyata ingaranan
nggayuh moksa, minulya
Salaminya datan
wangsul aneng ndonya, sampurna
Winursita nunggale
Gusti kawula
Lancaran SINGO NEBAK
(Kagem kidung Tri Kaya Parisudha)
1. Umat Hindu
Kang eling lawan waspada (Amarga)
Gebyareng kahanan wekasan drawasi
Dharma den lakoni
Yekti tentrem lan basuki
2. Hindhu Dharma
Dasar urip kang sampurna (Wus nyata)
Sradha Tri Kaya Parisudha ywa lali
Kayika wacika
Manacika den ugemi
3. Kadang samya
Paran
werdine kayika (Kang mesthi)
Tingkah
polah solah bowo kang prayogi
Tresna
mring sesami
Uga
tansah den upadi
4. Wacikane
Pangucap becik prasojo (Werdine)
Muna muni adhedhasar tatwamasi
Sarta tata krami
Paugeran kang sayekti
5. Pikir
Wening
Manacika
parisudha ( Yaiku)
Datan anggalih ala marang
sesami
Pramayoga
becik
Dhemen paring
pangaksami
6. Telu mau
Aja nganti dilerwake (Mangkana)
Marsudi kudune bisa kasembadan
Tindhak kang utomo
Manut wewarahing Weda
Ladrang CLONTHANG
1. Gumredheg saiyeg umat Hindu sagung
Tumuju papan
manembah Hyang Agung
Resik agemane
lan resik atine
Mlaku gliyak-
gliyak Purnama wancine
Saiyeg saeka
kapti lan mantep sedyane
Manembah
Gustine
Dhuh Gusti Kang
Maha Gung mugi keparenga Paduka
Peparinga
pangaksama maring dasih agung
Mrabhawani
akarya weninging pikir
Pepajar
amimbuhi tyas tentrem
Raharja sadarum
2. Wus sirep tyas mantep umat Hindu sagung
Jroning sembahyang manembah Hyang
Agung
Manunggal ciptane sumeleh atine
Eling jroning driya mring kodrat
Atmane
Saiyeg tyas madep manteb ing karep
sedyane
Nyuwun mring Gustine
Dhuh Gusti Kang Maha Gung mugi
keparenga Paduka
Peparinga pangaksama maring Dasih
Agung
Mahanani amberat petenging pikir
Pepajar amimbuhi tyas tentrem
Raharjo sadarum
KIDUNG PARIPURNA
Hina saram hina pradham hina mantram tataewaca
Hina bhaktim hina wredhim Sada Siwa Tatastute
Mantram hinam, kriya hinam bakti hinam Maheswara
Tat Pujitham Maha Dewa, paripurnam Tatastume
Om Santhi Shanti Shanti Om
M E G A T R U H
(Pangiring turun tirta)
1.Nuhur tirtha amerta suci manulus
Ica duh
Hyang Pasupati
Papo nara
kala lebur
Klawan sarwa
dosa sami
Panjang
tuwuh duh ring awon
2.Tirtha maring kamandalu muncrat mumbul
Sinirat
Pemangku suci
Saha mantra
siddhi tuhu
Sariran wang
kertanjali
Tuwuhaken Hyang
Pangayom
3.Om dhirghayu subham astu
Sukham purnam
sriyam swasti
Awghnam astu
bhawantu
Tattstu astu
sapta werdhi
Om Santhi Santhi Santhi Om
SARASWATI
1. Wukunipun
Watugunung
5. Apan mangkono kang ngelmu
Wewara nira kang
manis
Antuk lambange genitri
Wonten hari
Saniscara
Angaji salwire sastra
Winastan hari
Saraswati
Awit lahir prapting lalis
Wahyu wahyuning
Batara
2x
Angal alus wis pinang yo 2x
Wus tumurun
Sang Hyang Aji
Antuk yotan bisa tapis
2. Ing sanepan wanut
yuga
6. Sinawung krapyak kang semu
Inggih makaten
kang ngelmi
Sayekti langgeng kang ngel
Ingkanh handulu
kasmarn
Sinipen jroning wardoyo
Ing manah
sengsem
sayekti
sayo wuwuhing pangesti
Inggih saktinya
Hyang Brahma 2x Sadarum tan kasamaran 2x
Inggih Dewi
Saraswati
Sumunar wahyuning Widhi
3. Darbe hambeg suci tuhu
Darbe hambeg suci tuhu
Deneng lambang trate jati
Dene banyak sung lampita
Den uninga bener sisip
Di Dewa hambeg angkara 2x
Demem titis ing pangesti
4. Yen rinaras lir swara rum
Yekti sungkem
jroning ati
Yo gitar dadya
pralambang
Gayah kidung
ing hapsari
Yen loggya homa
Wedha 2x
Yekti mranani
ing kapti
PAGERWESI
1. Nuju hari
Pagerwesi
5. tememen demen tinemu
Nyuwun
pangwatan
jiwa
Tambah manembah Hyang Widhi
Ing raga muhung
samanggon Tumungkul ngande ing Sukma
Gesang wonten
maya pada Tan
lirwa trisna sesami
Murih rahayu
widodo
Tumuju mring sastra Weda 2x
Duh Gusti kang
Maha Agung tuhu kinasti Hyang Widhi
2. Hyang Brahma
Maha Acipta
Yekti sumbere
kang ana
Jagad raya sak
isine
Amung Paduka
kang bisa
Duh Gusti Kang
Maha Esa
Mung Paduka
Kang Maha Agung
Tan kena wujud
ana
3. Tumitus sak
jroning kalbu
Tumanduk lawan pakerti
Tewer tumindhak
ing ygya
Tandang tatas
lan titis
Tanda yen wus
katarima 2x
Tinaping ngarsa
hyang Widhi
4. Unggyaning
titah sadarum
Udinen jiwa kang silali
Unduk narasa panembah
Undurna pakarti sisip
Ukuren pribadi nira 2x
Ulah hayu kang patitis
SESAJI
UPACARA
1.
Upacara Tingkepan : nasi golong, suruh ayu, gedang ayu, jajan pasar
2. Upacara
Kelahiran : empon-empon untuk menanam ari-ari, lampu
senter, tumpeng catur warna, daging ayam, bawang, jahe, saren, garam, suruh,
bunga panca warna, lilin, dupa, kinang rokok.
3. Tetesan /
Sunatan : sesaji kelahiran, jajan pasar,
semua jenis makanan yang dimasak, empon-empon, bunga panca warna.
4. Upacara
Wiwaha : sesaji
kelahiran, jajan pasar, semua makanan yang dimasak, beras, bumbu, dapur,
penyeneng.
5. Upacara
Kematian :
Untuk
bedah bumi :
jajan pasar serba mentah, bubur warna 4, bunga wangi, dupa.
Untuk
di rumah : canang burat wangi, beras
warna 4, bubur warna 4, lilin, dupa, kinang udud.
Upacara kematian sampai seribu hari : apem, ketan, kolak, rujak degan, minuman
the dan kopi, canang burat wangi, kinang udud, jajan pasar.
Mantra Pencaruan :
Om Pukulun Hyang Bathara Kali,
Bathara Kala Sakti, sira Sang Kala Putih, Sang Kala Abang, Sang Kala Jenar,
Sang Kala Ireng, Sang Kala Manca Warna, Sang Kala anggapatu, Sang Kala
Karogan-rogan, Sang Kala sepetan, Sang Kala Gering, Sang Kala Pati sira sadenah
Kala kinabehana, ojo sira anyengkala, anyangkali, manusa nira ngastiti, Dewa
ring Kahyangan Sakti beh Ingsun sampun ngaturaken tadah saji reng padha Bathara
Kala, punika ta bukti denira kabeh, pilih kabelanira Om Kala byo namah,
Om Ksama sampurna ya namah,
Om Am Sarwa kala ksamasvamam ya
namah sawaha.
MANTRA – MANTRA :
1.
Mantra mendengar orang meninggal :
Om Sunya hati sunya param nirbhawa
ya namah.
2. Puja Tarpana :
- Bhuktyantu Pitaro Dewa, Bhuktyantu Pitaro Ganam, Bhuktyantu pitara sarwe Pitara sarwe Bhyo namah swaha. (3X)
- Treptyantu Pitaro Dewa, Treptyantu Pitaro Ganam, Treptyantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)
- Ksamantu Pitaro Dewa, Ksamantu Pitaro Ganam, Ksamantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)
3. Mantra menanam
ari-ari :
Om Sang Hyang Ibu Perthiwi, rumogo
bayu, rumogo amerta Sanjiwani amertaning kang tumuwuh pun …………………… mugo
dhirga yuswa poma,poma, poma
4.
Mantra Mohon Ketenangan Rumah Tangga :
Om wiso wiso wo atithaim
Wajayantah purupriyam
Agnim wo duryam wocah
Stuse susasya manmbhih
Mantra Purnama :
Om Candra mandala sampunam
Candra yante pranam yante
Candra dipa praman jyote
namas Candra namostute
Om Sidhi raga
namostute
Dara Gapati padanam
Wiswat sapta karang wita
Namas Candra namostute
Om Kumuda pala
hastara
Sarwati dipa manggalam
Barma darna sayam pasyam
Namas Candra namostute
Om Loka yante parkas ynte
Loka puja saman witam
Siwa loka Candra namostute
Namas Candra namostute
Om Asta desa kame nityam
Asta dipa wasi kretam
Asta kala ya sampurnam
Namas Candra namostute
Om Hrang hring sah Parama
Siwa Candra amerta ya namah
Om Hung Candra Dewa Maha
Gangga amerta ya namah swah
Om Shanti Shanti
Shanti Om
Komentar
Posting Komentar